Selasa, 03 Agustus 2021

A. Mangerteni Teks Dheskripsi bab Prastawa Budaya

 1. Maca Teks Dheskripsi Prastawa Budaya

            Tes dheskripsi yaiku teks kang ngandharake samubarang apa anane, bisa lelakon, barang, lan bisa apa bae sing dadi lesan (sesuatu, keadaan, tempat, barang, orang).

          Ana ing kegiatan iki para putra bakal nyinau kadadeyan budaya kang wis lumaku sawetara wektu ing Kutha Sala. Ayo padha disemak wacan kang bakal diandharake ngisor iki.

                     Solo Batik Carnival

            Kabudayan kang ana ing Kutha Sala pancen wis misuwur. Salah sijine yaiku bathik. Sejarah kahanane bathik ing Kutha Sala wis ana kawit jaman biyen. Anane kampung bathik Laweyan lan Kauman dadi bukti nyata manawa bathik ing Kutha Bengawan utawa Kutha Sala iku pancen wis ngrembaka.

             Kanggo nguri-uri, ngrembakakake, lan ngenalake bathik marang bebrayan agung, mula ing Kutha Sala banjur digelar acara taunan kang cakupane gedhe yaiku Sala Batik Carnival (SBC). Maneka warna kreasi dandanan kang dirakit saka maneka corak bathik diparagakake dening kurang luwih 300 peserta saben taune.

            Solo Batik Carnival (SBC) sepisanan digelar ing taun 2008 kanthi wujud arak-arakan sadawane ratan Slamet Riyadi. Diwiwiti saka Solo Center Poin lan rampung ing Balaikota Surakarta. Solo batik Carnival wis kasil narik kawigatene ewon warga Sala lan para pelancong saka kutha-kutha liyane ing seindhenging Nuswantara. Sabanjure Solo Batik Carnival wis dikenal tekan ngendhi-ngendhi lan dadi salah siji ikon wisata ing negara iki.

            Tema Solo Batik Carnival saben taune beda-beda. Wiwit saka tema Wayang, Topeng, Sekar Jagad, Keajaiban Legenda, lan Metamorfosis. 

            Minangka ikon wisata anyar ing Kutha Sala, SBC wis bola-bali dipilih dening Kementerian Pariwisata kanggo makili Indonesia ing ajang international kayata Changay Festival ing Singapura. Malaysian Association of Tour Travel Agents (MATTA) Fair, lan SBC uga nate kiprah ing Tournament of the Roses Pasadena, California, Amerika Serikat tanggal 1 Januari 2013 kapungkur. 

            Ing taun 2014 iki SBC digelar ing tanggal 22 Juni 2014. Dibandhingake karo pagelaran taun-taun kepungkur, panitia njenjenaje dadi tontonan kanthi njupuk tema "Majestic Treasure", Solo Batik Carnival kang digelar ing taun kapitu iki uga ndadekake cakrik bathik Wahyu Tumurun minangka maskot.

             Cakrik bathik iki wis kondhang  atusan taun kepungkur kanthi ganbar makutha mabur lan sapasang manuk utawa pitik kang adhep-adhepan. Corak iki ngemu lambang menawa manungsa tansah ngarep-arep pituduh lan berkah uga rejeki kang agung saka kang Maha Kuwasa.

            Tontonan Sala Batik Carnival "Majestic Treasure" iki diperang dadi loro, Kang kapisan kang eksklusif mapan ing Stadion Sriwedari diwiwiti jam 15.00-16.00. Kanthi rega karcis cukup Rp100.000,00 wae. Dene kang kapindho, yaiku arak-arakane sadawane rata Slamet Riyadi, wiwit jam 16.00-18.30, Kanthi rute Sriwedari tekan Balaikota Surakarta.

                                                                                                Sumber: Widya Utama Basa Jawa 6

GLADHEN/LATIHAN

Tembung-tembung kang dicethak kandhel iku kalebu tembung-tembung angel. Tulisen artine lan gawenen ukara manut panemumu dhewe!

Tuladha:

1.  misuwur: kondhang (terkenal)

       ukarane: Kabudayan Jawa wis misuwur tekan manca negara.

2. nguri-uri: nglestarikake (melestarikan)

        ukarane: ................................................................................

3. bebrayan agung: masyarakat luas

        ukarane: ................................................................................

4. pelancong: wisatawan/turis

        ukarane: ...............................................................................

5. kawigaten: digatekake (diperhatikan)

        ukarane: ................................................................................

Tembung angel ing ngisor iki tulisen ana ing buku tulismu!

1. Ngrembaka: ngembangake

2. Digelar: dianakake; diselenggarakan

3. Saindhenging: sekitar/seluruh

4. Kiprah: lakune








Tidak ada komentar:

Posting Komentar