Rabu, 24 Februari 2021

Tugas Bahasa Jawa, 25 Februari 2021

 πŸ…° Maca Crita Wayang Srikandhi, halaman 109-110 buku Widya Utama Basa Jawa.

πŸ…± Nyathet tegese tembung angel ngisor iki ana ing buku tugas Bahasa Jawa. Banjur difoto lan dikirim lewat WA.

     1. Nyirnakake: ngilangi; mbuwang

     2. Denawa: raksasa

     3. Nggegirisi: medeni/menakutkan

     4. Lila legawa: ikhlas lahir batin

     5. Ngemutake: ngelingake/mengingatkan

     6. Mendha: nurut/patuh

     7. Pamrayoga: saran; nasehat

     8. Suthik: ora gelem

     9. Olah kanuragan: tenaga dalam

    10. Olah sanjata: nggunakake senjata

    11. Kerepotan: repot; kewalahan

    12. Ndrawasi: mbebayani/membahayakan

    13. Anggane: awake

    14. Duka: nesu/marah

    15. Gaman: senjata

Rabu, 17 Februari 2021

Tugas Bahasa Jawa, Gladhen A halaman 75

A. Sawise kowaca geguritan judul "Gemi", saiki tegesana tembung-tembung kang angel! Banjur gawenen ukara manut panemumu dhewe!

Kerjakan sesuai contoh/tuladha! 

 Tuladha:

1. Tembung: Reropyan

Tegese: seneng mangan enak

Ukarane: Wong kang senengane reropyan iku angel bisane urip kang gemi.

2. Tembung: Dhemen

Tegese: seneng; suka

Ukarane: ....

3. Tembung: Alageyan

Tegese: tingkah/kebiasaan

Ukarane: ....

4. Tembung: Tangeh

Tegese: suwe

Ukarane: ....

5. Tembung: Nggegulang

Tegese: ngajari

Ukarane: ....

6. Tembung: Nggladhi

Tegese: Ngelatih

Ukarane: ....

7. Tembung: Gemi

Tegese: Hemat

Ukarane: ....


Rabu, 10 Februari 2021

Tugas Bahasa Jawa kelas 5, Kamis, 11 Februari 2021

 Maca Endah Geguritan

Geguritan yaiku puisi Jawa modheren lan ora kaiket ing aturan. Mula uga diarani puisi bebas.

Ana ing kasusastran Jawa, puisi ana werna loto yaiku puisi Jawa lawas lan puisi Jawa Modheren.

Puisi Jawa lawas contone tembang macapat. Dene puisi Jawa modheren contone yaiku geguritan.

Puisi Jawa modheren kaendahane mapan ana ing pilihan tembung kan mentes lan purwakanthi.

πŸ’™ wacanen geguritan ing ngisor iki!

               Gemi

      Dening Sena HY

Katone sepele 

Nanging ora gampang ditindakake

Kang seneng reropyan

Dhemen jajan alageyan ujan-ujan

Tangeh bisa nglakoni


Gemi

Anggegulang ati ing olah kendhali

Anggladhi nalar mrih mulur lan melar


Gemi ing wicara 

Mbengkas nggladrah kang ngayawara

Nyingkur pambedhale catur lan tutur


Gemi ing wektu

Nora bakal gampang elu-elu

Lamun wanter ing laku

Ing tembe bisa sugih ngelmu


Dene gemi ing brana

Urip kudu ditata

Sarwa-sarwi cukup prasaja

Lamun kinanthen panarima

Ing tembe bakal ngundhuh mulya


πŸŒ€Artine yaiku,

πŸ‘‰Pada 1: 

Gemi kuwi katone sepele tapi ora gampang ditindakake dening wong sing seneng mangan enak lan jajan. Esih suwe bisa ngelakoni.

πŸ‘‰Pada 2:

Hemat kuwi biso nglatih mengendalikan diri.

πŸ‘‰Pada 3:

Hemat bicara tegese ora seneng ngomong sing tipu-tipu lan ora manfaat.

πŸ‘‰Pada 4:

Hemat waktu tegese ora seneng melu-melu kegiyatan sing ora ana manfaate.

πŸ‘‰Pada 5:

Hemat harta benda tegese urip sing sederhana, biso nerimo apa anane, mbesuk biso urip mulyo.

πŸ’œπŸ’œπŸ’œπŸ’œπŸ’œπŸ’œπŸ’œπŸ’œπŸ’œπŸ’œπŸ’œπŸ’œ

TUGAS

πŸ‘€Wangsulana pitakonan ngisor iki ana ing buku tugasmu banjur kirim ana ing ustazah! 

1. Geguritan ing nduwur kuwi irah-irahane (judule) apa?

2. Sapa sing nganggit (menciptakan) geguritan kasebut?

3. Geguritan ing nduwur kuwi ana pirang pada (bait)?

4. Gemi kuwi ora gampang ditindakake dening uwong sing seneng apa?

5. Gawenen ukara nganggo tembung "Gemi"!

Rabu, 03 Februari 2021

Tugas Bahasa Jawa Kelas 5, halaman 71

 Gladhen A halaman 71. 

Gawenen ukara nganggo tembung ing ngisor iki manut tuladhane!

Tulisen ana buku tugasmu, banjur difoto lan dikirim marang ustazahmu!

Tuladha: 

1. Winarna

Tegese: dicritakake

Ukarane: lelabuhane para prajurit *winarna* ing tembang pangkur.

2. Lelabuhan

Tegese: pengorbanan

Ukarane: .....

3. Prayoga

Tegese: baik

Ukarane: .....

4. Kadulu

Tegese: disawang (dipandang/dilihat)

Ukarane: .....

5. Den kaesthi 

Tegese: supaya eling (supaya ingat)

Ukarane: ....

6. Siyang ratri

Tegese: awan bengi

Ukarane: .....

7. Deduga

Tegese: mikir sedurunge tumindhak (berpikir sebelum bertindak)

Ukarane: .....

8. Reringa

Tegese: ati-ati

Ukarane: .....

9. Aywa lali

Tegese: aja kelalen

Ukarane: .....

10. Satuhu

Tegese: tenanan (bersungguh-sungguh)

Ukarane: .....