Rabu, 10 Februari 2021

Tugas Bahasa Jawa kelas 5, Kamis, 11 Februari 2021

 Maca Endah Geguritan

Geguritan yaiku puisi Jawa modheren lan ora kaiket ing aturan. Mula uga diarani puisi bebas.

Ana ing kasusastran Jawa, puisi ana werna loto yaiku puisi Jawa lawas lan puisi Jawa Modheren.

Puisi Jawa lawas contone tembang macapat. Dene puisi Jawa modheren contone yaiku geguritan.

Puisi Jawa modheren kaendahane mapan ana ing pilihan tembung kan mentes lan purwakanthi.

๐Ÿ’™ wacanen geguritan ing ngisor iki!

               Gemi

      Dening Sena HY

Katone sepele 

Nanging ora gampang ditindakake

Kang seneng reropyan

Dhemen jajan alageyan ujan-ujan

Tangeh bisa nglakoni


Gemi

Anggegulang ati ing olah kendhali

Anggladhi nalar mrih mulur lan melar


Gemi ing wicara 

Mbengkas nggladrah kang ngayawara

Nyingkur pambedhale catur lan tutur


Gemi ing wektu

Nora bakal gampang elu-elu

Lamun wanter ing laku

Ing tembe bisa sugih ngelmu


Dene gemi ing brana

Urip kudu ditata

Sarwa-sarwi cukup prasaja

Lamun kinanthen panarima

Ing tembe bakal ngundhuh mulya


๐ŸŒ€Artine yaiku,

๐Ÿ‘‰Pada 1: 

Gemi kuwi katone sepele tapi ora gampang ditindakake dening wong sing seneng mangan enak lan jajan. Esih suwe bisa ngelakoni.

๐Ÿ‘‰Pada 2:

Hemat kuwi biso nglatih mengendalikan diri.

๐Ÿ‘‰Pada 3:

Hemat bicara tegese ora seneng ngomong sing tipu-tipu lan ora manfaat.

๐Ÿ‘‰Pada 4:

Hemat waktu tegese ora seneng melu-melu kegiyatan sing ora ana manfaate.

๐Ÿ‘‰Pada 5:

Hemat harta benda tegese urip sing sederhana, biso nerimo apa anane, mbesuk biso urip mulyo.

๐Ÿ’œ๐Ÿ’œ๐Ÿ’œ๐Ÿ’œ๐Ÿ’œ๐Ÿ’œ๐Ÿ’œ๐Ÿ’œ๐Ÿ’œ๐Ÿ’œ๐Ÿ’œ๐Ÿ’œ

TUGAS

๐Ÿ‘€Wangsulana pitakonan ngisor iki ana ing buku tugasmu banjur kirim ana ing ustazah! 

1. Geguritan ing nduwur kuwi irah-irahane (judule) apa?

2. Sapa sing nganggit (menciptakan) geguritan kasebut?

3. Geguritan ing nduwur kuwi ana pirang pada (bait)?

4. Gemi kuwi ora gampang ditindakake dening uwong sing seneng apa?

5. Gawenen ukara nganggo tembung "Gemi"!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar